Cerpen Basa Jawa : Tukang Semir Sepatu



Tukang Semir Sepatu
Dewangkara katingal katon elok banget,cahyane krasa trecep-trecep ing awak.Wayah samene iki,udarane iseh seger tenan,montor-montor gede lan cilik mung lagi siji loro liwat rana rene minangka sanadyan iki utha gedhe kang biasane awan sitik wis banget ramene kayata pasar,mung iki pasar lalulintas.Ora suwe-suwe ,bledhug  wis mulai mabur ing njero kutha iki.Saka adoh,katingal wong tuo anganggo klambi lawas,rusoh,lan ora layak dienggo,lagi mlaku tanpa sandal karo anake kang isih cilik.
Sawise sawetara wektu…
“Pak,Pak!”,cah cilik kuwi narik-narik klambine wong tuo ing sisehe mau. “Piye,Nang?”,Bapake mlengak banjur ngelus-elus rambute anake kang ngandhan-andhan.”Bapak,kita mboten sarapan rumiyin?”,pitakone.Banjur bapake ngewangsuli,”Ayo nggolek duwit sik,ngging Nang! Banjur bapak lan kowe bisa sarapan “,”Nggih,Pak”,anak lanang kang ketoke iseh umur 8 taun iku manut bapake.
Udarane saya suwe saya panas,monor-montor kaya lagi pawai.Kabeh wong sibuk karo urusane dhewe-dhewe.Nganti teko ibu-ibu kang mlaku ngarahe mara bapak lan anak kang lagi lungguh ing emperan toko.”Paj,tulung niki dipun semir,nggih!”,ibu-ibu mau ngetokke 8 pasang sepatu ireng saka njero kresek putih.”Lho! kok kathah banget to,Buk?”,Bapak mau takon.”Nggih,Pak.Niki sepatu sekeluarga,dadose langsung kula beto sedanten mawon”,wangsule kalihan esem ,eseme pahit madu.
Ibu mau linggeh banjur njupuk HP saka tas e lan ngebel wong,”Halo Pak!iki sepatune wis tak gawa ing Pak Bondo”,banjur ibu kuwi meneng minangka ngerungkokake suwara ing siseh kana,lan ora suwi langsung ngewangsul,”Nggih,Pak”,HP ne langsung ditutup lan dilebokke ing tas meneh.
“Bu,sampun”,suara cah cilik ngagetke ibu mau sawise rada suwe ngelamun.”Oh,nggih cah pinter”,”Pripun ,Pak?pinten?”,”Rp.60.000 mawon bu”,,”Niki Pak,kula wonten satus ewu,sisae kangge jajan anake mawon,monggo”,tangane ibu mau dijulurke marang Pak Bondo,tukang semir sepatu.”Alhamdulillah,matursuwun ingkah kathah Bu,nggih”,”sami-sami Pak,pareng rumiyin”,Bu Aliya njupuk sepatu kang wis disemir,lan mlaku mulih.Saya suwe,ayang-ayang awake saya ilang.
Ngono ugo Pak Bondo lan anake,saya sore pelanggan saya nambah.Dadi,isa nggolek mangan senadyan ora mewah-mewah nemen.Pak Bondo nggandheng mulih anake ing tangan kiwa,lan tangan tengene nggawa peralatan nyemir sepatu.Wong loro kuwi mandeg ning sawiji warung pinggir dalan.”Kersa punapa Pak e?”,ibu-ibu kang ndue warung katon nawani.”Sekul bungkus kalih,tempe goring e ugi kalih buk,nggih!”,anake kang digandeng dijak lungguh minangka ngenteni dibungkuske pesenan sego.”Monggo,Pak.Niki setunggal dasa”,Bu Warni kang ndue warung lan kang wis dadi langganan e Pak Bondo maringake kresek ireng kang isine sego bungkus karo tempe marang Pak Bondo.”Niki buk e,mpun pas nggih”,Pak Bondo ngetokke duwit bayaran nyemir sepatu dina minggu iki,banjur mulih.Omahe ora adoh saka panggonan kang biasane dienggo kerja,sekitar 400 meter.Omahe omah gedhek,lan penerangane wae mung nganggo uplik.
Ing dina-dina sakwise iku,Pak Bondo ngajak anake nyambut gawe terus.Amarga anake wis ora sekolah sakwise ibuke minggat saka omah,pisah karo bapake.Arya,cah cilik mau, luwih milih urip karo bapake,amarga bapake kang gemati lan ora pamrih marang sapa-sapa.Angger dina,pelanggane akeh.Ananging,sakwise 1 wulanan,Pak Bondo ngerasa ana sing aneh.Bu Aliya ,pelanggane kang setia ana seko 2 tahun,akhir-akhir iki ora ana ketok,lewat utawa mampir nyemirke sepatune.Amarga Pak Bondo ngerti ngendi omahe Bu aliya,banjur pas mulih Pak Bondo lan Arya mampir.”Kula nuwun”,Suarane Pak Bondo katon keprungu gagah lan berwibawa.”Monggo,Pak Bondo”,seko nejro omah cat kuning kang mewah kuwi metu wong lanang kang luwih nom sitik saka Pak Bondo,deweke iku garwane Bu Aliya.”Bade enten punapa to,Pak?Katingale kok penting banget niki”,Pak Surya takon.”Hehe,mboten napa-napa ,Pak Surya,niki lho,sampung dangu Bu Alya kok mboten nyemirke sepatune,padahal biasane niku saben dina minggu.Dadose kula nggih mriki mawon,eh nek menawi panjenengan kersa kula semiraken ing mriki to,Pak surya.Lha ngomong-ngomong Bu Aliya an jenengan pripun kabare?”,Pak Bondo saking semangate olehe ngomong ngasi ora nyadar yen wong kang iseh lungguh ing sisehe,Pak Surya,wis nerocos ilune kayata banyuu grojogan.
“Kok malah nangis to,Pak Surya?”,Pak Bondo ketok penasaran banget.Banjur,Pak Surya,garwane Bu Aliya iku njelasake,”Dados ngeten Pak,rumiyin kan Bu Aliya nyemiraken sepatu tenggene panjenengan to?Lha kuwi nalika bali,piyambake nyebrang ndalan mboten delok-delok rumiyin,nggih langsung wonten bis gedhe nabrak piyambake ,Bu Aliya.Wong-wog sing ana ning sekitaran iku langsung gembrudhuk mara nggene dalan gedhe kanggo nulung lan ngecek kondisi ne Bu Aliya,lank ok kebeneran salah siji saka gerombolan wong-wong kuwi wonten kula,Pak e.Amargi kulak kok pancen pas niku ngerasa mboten penak kabeh suasana manah kula,jebule malah estri kula piyambak.MasyaAllah! Kagete mboten main niku pak,langsung spontan kula urus tenggene rumah sakit daerah,lan ternyata nyawanipun mboten katulungan,hik…hik…”,Pak Surya ngusapi ilune sanadyan iseh sesenggukan.”Innalillahi wainna’ilaihi raji’un,sepurane Pak Surya,kula mboten ngertos.Pantesan nggih Pak,kok manah kula sakwulan niki nggih mboten nggenah rasane,eee jebul malah wonten perkara kados ngeten”,Pak Bondo ujug-ujug ya neteske ilune.”Nggih,Pak Bondo ,matursuwun ingkah kathah,kapundut niku nggih kita mboten ngertos bakal kapan lan ting pundi.Pancoban urip kuwi kan nggih reno-reno”,Garwane Bu Aliya kuwi wis ora nangis meneh.”Sakniki mugi-mugi sampeyan nggih dipun paring sabar dening Gusti Allah,mugi-mugi nggih katon seger kuwarasan”,Amin YaAllah,sepindah malih,kula ngaturaken matursuwun”,”Nggih,Pak Surya.Sami-sami,kula lan Arya badhe nyuwun pamit rumiyin,monggo pak”,Bapak  lan anak kang ketoke ugi bar melu nangis iku ninggalake Pak Surya,nyuwun pamit.”Nggih Pak,Atos-atos”,Pak surya ngetokke esemane,sanandyan ing jero atine iseh nangis.
Tekan omah,Pak Bondo ora isa turu.Dheweke,namung gulang-guling ing kasur atos,tangi,mlaku mondar-mandir,linggeh,mbalik turu,lan ngono sakteruse.Nganti Arya kang wis angkler turune,ujug-ujug tangi,”Bapak kok mboten sare wonten punapa?”,Bocah cilik kuwi ngusap-usap mripate,banjur marani bapake.”Mboten Nang,Aryan dang bubuk malih nggih,ayo”,Pak Bondo nggendhong Arya,banjur dikeloni,lan wong loro kuwi akhire turu bareng-bareng.
Dina-dina skwise iku,dirasakke banget larane ing atine Pak Bondo.Sanadyan Bu aliya kuwi ora nduwe darah dulur karo Pak Bondo,tapi Pak Bondo isa ngerasakke rasa kayata sing lagi dirasakke Pak Surya.Pelanggan saya dia saya sepi,nganti-nganti Pak Bondo kadang mogok kerjo.
Nganti sawijining dia,nalika Pak Bondo lagi nyemir sepatu siji loro…
“Assalamu’alaikum Pak Bondo”,Wong gedhe dhuwur,nganggone kemeja ,dasi,lan ning tangane ana tas ,wis nunjukake yen wong iku pegawai kantoran.”Wa’alaikumsalam Pak Surya,badhe nyemirke sepatu ,Pak?”,Pak Bondo rodo sumringah.”Oh,nggih pak,niki setunggal mawon”,Pak Surya ngetokke sepatu seko kresek ireng.Gayane persis kaya Bu Aliya nalika terakhir kali nyemirake sepatu 8 pasang.”sampeyan pinarak mriku rumiyin,lho Pak”,Pak Bondo nawani Pak Surya.Nalika lagi nyemir sepatu kuwi,Pak Surya ujug-ujug kanda dening Pak Bondo,”Pak,kula niki mboten betah nek ngurus anak direwangi medamel.Pripun nek njenengan medamel ting nggriyane kula mwon,dados tukang resik-resik lan sekabihane,ermasuk ngurus anake kula lan anake panjengan”,Pak Bondo ora percoyo nek sing omongke Pak Surya kuwi mau kanggo dheweke.”Saestu,Pak?”,Pak Bondo saya bungah pasuryane.”Nggih,Pak.Niku saestu,panjenengan saget mlebet mulai benjeng”,Pak Surya njupuk dhuwit Rp.8000 saka dompete,lan diwenehke Pak Bondo amarga nyemire wis bar,banjur njaluk pamit mulih.
Isuk-isuk banget Arya wis ketok ngganteng,ugi dening Pak Bondo.Wong loro iku ameh ngwiwiti pendamelan kang anyar.Sakwise tekan omahe Pak Surya,Pak Bondo langsung goleki sapu lan sembarang dengah e kanggo resik-reik,menawa Arya ngewangi njumputi suket.Yahmene iki Pak Surya wis mangkat kerja,lan Dhimas,anake sing kacek 2 taun karo Arya ya wis mangkat sekolah.Anak lan bapak kag lagi resik-resik kuwi ketok bungahe banget,kayata bagaskara kang lagi njumbul saben esuk.
Sore-sore,kabeh gaweyan wis bar.Pak Bondo lan Arya leyeh-leyeh ana telampik omah cat kuning kang mewah kuwi.”Lho,Pak!Pak Surya kalehan Dhimas sampun kondur”,suarane Arya nyadarake Pak Bondo kang lagi ngelamun.”Oh iyo Nang,ayo ndang siap-siap bali,njaluk pamit”,Pak Bondo mbukakake gerbang ,lan nalika Pak Surya medun seka mobile,”Pak,sampun kula laksanakaken,niki badhe pamit rumiyin”,Pak Bondo kanda kanti bangga dhateng majikan anyar e.”Lho,lhp,ampun to,Pak.Njenengan tinggal ting mriki mawon,soale kaliyan ngurusi Dhimas niki.Mangke Arya mboten usah repot-repot ngewangi panjengengan,kersane Arya mangke sekolah mawon bareng Dhimas.Masalah biaya mangke kula ingkang ngurus”,Pak surya ngelus-elus rambute Arya.”Alhamdulillah,panjenengan niki pancen saestu sae banget ,Pak”,Pak Bondo mesem,nanging neteske ilu bungah e.
Saiki panguripan e Pak Bondo wis dadi Luwih apik tinimbang sakdurunge.Omah lan tanah ndhisik didol,lan wis payu.Nanging,ora ninggalke prenggaweyan kang ndhisik,yoiku nyemir sepatu.Saiki dheweke buka kaya warung cilik ing ngarep omahe Pak Surya kanggo sol sepatu sak nyemire,kang rame pelanggan.Arya yo jebule bocah sing pinter,kadang marai Dhimas nalika gaisa garap PR.Pak Surya ngerasa luwih enteng amarga wis ntuk rewang.Iku kabeh gawe Pak Bondo yakin ,yen Gusti Allah kuwi Maha adil.



Post a Comment

Popular posts from this blog

Cerpen : Hujan Bulan Juni

Toponimi: Asal-Usul Kabupaten Rembang